Menak Talsamat

Menak Talsamat

Menak Talsamat 1200 1554 Bidang Perpustakaan

Menak Talsamat – Unduh Buku Klik Di Sini

1. Duk miyarsa angandika aris,
wau Jeng Sultan Kamidilngalam,
heh yayi Prabu Gulangge,
wangsite guruningsun,
yen sun uwis angrusak benjing,
tanah Mukabantala,
yeku kunduringsun,
ketemu lan Rasulullah.
apa iya tuhu wartane si Drewis,
laire Niyakengrat.
2. Kang saestu panutuping Nabi,
kang mustapa ing para Ambiya,
mulya dhewe sarengate,
yen salameta besuk,
praptaningsun ing Mukabumi,
sira besuk sun gawa,
umarek Jeng Rasul,
begja kabeh sanakingwang,
yen kongsia angaras padaning Nabi,
satuhunira rahmat.
3. Samya suka sagunging para Ji,
dyan paprentah andadekken lampah,
lah yayi Prabu Gulangge,
pira bobote laku,
marga marang nagara Dardis,
Pildandani Jadalsah,
Gulangge wotsantun,
nggih kawan leksa kewala,
boten kawrat ingambah ngantos sakethi,
destun keh pitung leksa.