Menak Sulub 1

Menak Sulub 1

Menak Sulub 1 875 1241 Bidang Perpustakaan

Menak Sulub 1 – Unduh Buku Klik Di Sini

— Sigra denya ngambil racun, sira ni wadon Jansikin,
lawan Sansikin pra samya, wus winor munggeng ing kopi,
mangkya yen wungu ingadhang, manawa amundhut larih.
— Tan antara sira wungu, andangu Sang Jayengmurti,
yayimas ing Tambakretna, dene tan ana kaeksi,
lawan Kakang Umarmaya, karo padha aneng ngendi.
— Wadon kalih awotsantun, kalihipun samya mijil,
kados yen sanget aripnya, sakdangune wonten ngriki,
samya ngantuk arenggotan, kalih tan saged nayuti.
— Sang Jayengmurti amundhut, larih mring wadon Jansikin,
linadosan kang lawaran, kaping kalih kaping katri,
dupi mundhut ping saka wan, kopi kang wus den racuni.
— Larih tinanggapan sampun, gumeter astanira Mir,
pagene ta astaningwang, anangga gelas tur cilik,
tan kawawa astaningwang, gumeter kepati pati.
— Ngundha gadane Lamdahur, gedhene angliliwati,
parandene tan rekasa, mangka iki gelas cilik,
apa baya iki wisa, nadyan wisaa sayekti.
— Mangsa wandea sun inum, saking tuhu setya mami,
marang Yayi Muninggar, sanadyan tumekeng pati,
apan iku kang minangka, ciptaku Sang Rajaputri.
— Saksana nulya anginum, kang wisa ngrebda mranani,
wong agung Menak aniba, neng pasareyan gumuling,
sanget denira kantaka, amung keketeg kang masih.