Menak Purwakanda I

Menak Purwakanda I

Menak Purwakanda I 1200 1554 Bidang Perpustakaan

Menak Purwakanda I – Unduh Buku Klik Di Sini

1. wonten ratu lalampah saking ing Nglaka,
nedya mring Malebari,
Lamdahur kang suta,
nempuh sabalanira,
patih Bardus matur aris,
Tuwan kendela,
kularsa methuk jurit.
2. Sigra mangsah prajurite wong Talsiyah,
gumredeg sareng prapti,
umung kang tengara,
tata baris akapang,
Bukaram kinen metoni,
mangsah susumbar
sang Prabu Banarungsit.
3. Angundhangi bala aja na metu prang,
yen iki aprang tandhing,
sun dhewe kang yuda,
ana prawira nembah,
satriya ing Burudangin,
Raden Sudirman,
kedah mangsah ing jurit.
4. Lineganan mangsah wus ayun-ayunan,
turangganira nirig,
sarwi ngikal pedhang,
mubeng parisanira,
tatanya wau sang Aji,
raja Bukaram,
sapa aranmu Aji?