Menak Lare 2 – Unduh Buku Klik Di Sini
1. Wau putra ing Ngabesah,
Raden Tohkaran nulyaglis,
angrangkul padaning Ambyah,
umatur angasih-asih,
kang abdi utang urip,
ing paduka Sang Binagus,
inggih kados punapa,
yen sampuna ta meningi,
sadayane punggawanireng Ngabesah.
2. Kawulangger dasihena,
anjalmaa ping sakethi,
sampun liyan ngabdekena,
ngamungna gusti Sang Pekik,
kang asih marang dasih,
ambek satriya pinunjul,
kinen salin agama,
sarengat Nabi Ibrahim,
sadayane punggawanireng Ngabesah.
3. Lajeng kondur Raden Ambyah,
putreng Ngabesah tut wuri,
sagah tan pisah ing karya,
wau denira angabdi,
mangkana para aji,
saking sayembaran kebut,
sami angalembana,
sagung kang para narpati,
ing tingkahe putreng Mekah Raden Ambyah.