Unduh Buku Babad Kartasura I Klik Disini
Asmaradana. 1)
Yata kawarnaa malih,
Ki Tumenggung Jayaningrat,
ingkang baris Ungarane,
sampun amiyarsa warta,
yen wadya Kartasura,
kang baris Demak kaburu,
miwah kang barisan Tegal.
Myang kang baris Lepentangi,
kawarti sampun lumajar,
marmane alit manahe,
Ki Tumenggung Jayaningrat,
sigra wau utusan,
dhateng ing Samarang gupuh,
arine ingkang dinuta.
Pun Arudita nameki,
sampun binektanan surat,
lumaksana ing lampahe,
wus prapteng nagri Samarang,
sowan ing Panembahan,
Mandura na surat gupuh,
nawala glis tinupiksa.