Babad Kartasura II

Babad Kartasura II

Babad Kartasura II 875 1241 Bidang Perpustakaan

Unduh Buku Klik di Sini Babad Kartasura II – Unknown

Durma
1. Garwakandha kang dadya ngarsa
para lurah nambungi
ing Gandara desa
miwah Ki Anggendara
Jaladara lawan malih
Ki Mangundara
Subala lan Subali.
2. Pun Banendra Sudira lawan Nirada
samya andeling jurit
Katepa Sumitra
Kricak lan Leksamana
Secawira Ganggapati
Urawan miwah
Bethotjenggot nambungi.
3. Tetindhihe Ki Patih Secadikara,
lawan Panji Tohpati
Kartabangsa lawan
Patrajaya ing ngarsa
lampahe tan medal loji
sakilenira
anjog sakidul masjid.